Pundhen Pojok
A.
Panggonane Pundhen Pojok
Pundhen Pojok manggon wonten Desa Pojok,Kecamatan Kawedanan, Kabupaten
Magetan.Diwastani nami “POJOK” amargi Pojok Kalebet Kecamatan Kawedanan lan
dados perbatasan antara Kecamatan Kawedanan kaliyan Kecamatan
Nguntoronadi.Papanipun Pundhen Pojok wonten tengahipun wit-wit jati.Pundhen
Pojok niku wonten wit gedhe lan uga tinemu wit randu alas lan wit
pilang.Wonten Sacedhake kurang luwih 40 meter,wonten kreteg Pojok.Kreteg niku sampun
wonten nalika jamanipun Landha
Pundhen minangka papan kramat wonten sawijining desa.Pundhen iku nggadahi
arti.Jeneng Pundhen,saking tembung”Mpu”,yaiku ingkang mbabat Desa niku. Lan
tembung “ndhen”,yaiku kados dipundhi-pundhi..Dados,Punden inggih menika salah
sawijining panggon ingkang dibabat kaliyan sing mbabat desa niku,ingkang kados
dipundhi-pundhi dening masyarakat sekitar.Wonten Pojok niku ,ingkang mbabat
naminipun Mbah Dipokromo.Tapi,para warga uga mastani Mbah Dipokromo niku Sunan
Lawu
Critanipun,wonten jaman mbiyen,Gunung Lawu nyundul langit amargi dijejeg
kaliyan Kethek Putih.Pucukipun wonten ing Pundhen Pojok,pertengahanipun manggen
wonten Gunung Bancak.Mula,naminipun Mbah Dipokromo uga diwastani Sunan Lawu
B.
Sumber Informasi
Asma : Mbah Suradi
Umur : 78 tahun
Mbah Suradi ingkang dados sesepuh wonten Desa Pojok,ngendika menawi Pundhen
Pojok sampun wonten nalika dhewekw miyos.Dhewekipun naming nerusaken kaliyan
njaga warisa lan tininggalanipun saking Mbah Buyut.Mbah Suradi mbacutake
crita,menwi Punden Pojok nggadahi kekuatan magis.Pundhen niku dados panggonn
kagem dedonga sinten mawon ingkang nyuwun pitulungan.Mbah Suradi sregep
ngreseki Pundhen niku.Mbah Suradi uga nggadahi kepercayaan marang Pundhen
niku.Dhewekipun ngreseki Pundhen niku amargi nggadahi kepercayaan menawi sing
mbabat Desa Pojok nggih Pundhen niku.Saliyane niku,dhewekipun inggih percaya
menawi ingkang mastani dhaharan Mbah Suradi kaliyan kaluarganipun inggih menika
Pundhen niku wau.Menawi sampun rampung ngreseki pundhen niku,Mbah Suradi nyuwun
tambah wilujeng,anggen kelurusan menawi nggolek sandhang ,pangan, lan
pinaringan rahayu wilujeng saterusipun marang pundhen niku
C.
Kegiatan wonten Pundhen
Kegiatan wonten Pundhen Pojok mboten mligi kegem bebesik desa saben Wulan
Sura.Kathah banget kegiatan-kegiatan ingkang nate wonten mrika wiwit saking
dedonga ,slametan ing desa,kerja bakti,lan uga sanes sanesipun.Ananging,
kegiatan utama wonten Pundhen Pojok inggih menika slametan
Kagem ngregengake reresik desa.Saben Wulan Sura dinten jum’at Pon, adatipun
ditanggapake ”Gambyongan”.Papanipun pagelaran inggih menika wonten Pundhen niku
D.
Kramate
Miturut Mbah Suradi,dhayang ingkang dipercaya njaga Pundhen niku mesti nyuwun
ditanggapake “Ganbyongan”. Saumpama mboten ditanggapake,sing mbabat niku bakal
nesu lan ndadekake warga desa Pojok rusuh amarga wonten sejenis wabah ingkang
njalari para warga.Wabah iku awujud lara-laranen ingkang njangkit para warga
Desa Pojok.Sajaripun Mbah Suradi,wonten sakiwa tengenipun Pundhen Pojok
menawi ditanemi wit-witan sakliyanipun wit randu alas kaliyan wit pilang
,mangke mboten saget thukul.Mbah Suradi ugi sajar menawi jaman mbiyen ,wonten
bocah sampung, nitih motor wonten pundhen mboten gadhah aturan lan
byayakan.Sajaripun nalika dalu ngipi menawi ditekani Sunan Lawu.Bocah
niku,diomongi menawi dolan wonten Punden Pojok ,mboten pareng
ugal-uagalan,mangke bisa nerak yoganipun Sunan Lawu .Akhire,bocah Sampung mau
kapok lan dhewekipun janji mbotrn mbaleni malih tindakane niku wau
Sabibaripun kadadosan niku wau ,sinten mawon menawi mlebet wonten Pundhen Pojok
,kedah njaga solah bawa kaliyan tata krama.Menawi wonten tiyang ingkang
nggadahi tumindak awon wonten mrika,mangke bakal nemoni cilaka.Amargi ingkang
ingkang mbabat Pundhen niku mboten remen tumindak ingkang ala

Tidak ada komentar:
Posting Komentar